MATERI BASA JAWA "UYON-UYON"

TULADHA
Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Bem



KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING
  1.   Cakepan :  syair, tetembung kang dienggo ing tembang.
  2.  Cengkok : lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
  3. Gendhing : lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
  4. Gamelan : piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata : : bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe,peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
  5.  Laras : rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
  6. Titi Laras : angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
  7. Pathet : ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
  8. Pedhotan : pamedhoting swara ing tengahing  tembang ing saben lirik.
  9. Senggakan : unen – unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/pradangga.
  10. Swarawati : waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
  11. Wiraswara : pwnyanyi kakung.
  12. Gerong : tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
  13. Sindhenan : tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
  14.  Irama : ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
  15. Bawa : tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
  16. Buka : Inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
  17. Blimbingan : Inggh punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nganggo lingiran (penampang trapesium).
  18.  Niyaga :  paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
  19. Paniti : paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
  20. Karawitan : gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane (ringgit, kethoprak, ludrug,lsp.)
  21. Waranggana : wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembungan/ sindhenan.
  22. Saprangkat : gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
  23. Sapangkon : namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.
  24. Cokekan : pagelaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong Kemodhong.
  25. Alusan : Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.
  26. Balungan : Demung, Saron, Peking.



KAWRUH BUDAYA GAMELAN KARAWITAN

Pangertosan
      Miturut Baoesastra Dajawa W.J.S Poerwadarminta, Gamelan inggih punika arane tetabuhan kangrericikane akeh banget (saron, bonang, gender,lsp). Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arupa Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog.
a.       Laras Slendro : nduwe 5 nada, inggih punika 12356 kanthi interval kang padha.
b.      Laras Pelog : nduwe 7 nada, inggih punia 1234567
  •   Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem.
  •     Laras Slendro ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga Laras Pelog.
  •       Titi Laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistem nada laras lanpathete.
  •       Pathet inggih punika ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayahnada.
               a.       Ing Laras Slendro : pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr).
               b.      Ing Laras Pelog : pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br)



Gamelan Miturut Wujud, Bahan, Cara Nabuh.
1.      Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang Wujud Tabokan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithutuk (bedhug, tamur).

No
Nama/Gambar
Pangertosan
1.
 Kendhang Gendhing/Ageng

Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iki uga ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane. Ana sebutan kendhang satunggal inggih punika kendhang ageng iki ditabuh dhewekan, lan kendhang kalih inggih punika kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung (kendhang loro).
2.
 Kendhang Ketipung
Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara ketipung iki padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.
3.
 Kendhang Batangan/Ciblon

Kendhang batangan utawa kendang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Swara kendhang batangan padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.
5.
 Kendhang Wayangan

Kendang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing ciblon. Kendhang sabet ngasilake swara kang luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang. Swara kendhang wayangan pada karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.

2.      Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh dithuthuk.
No
 Nama/Gambar
Pangertosan
1.
 Gender
Gender iku perangkat Gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung/ silinder iku umume digawe saka pring lan wesi tipis. Wujude meh padha karo Slenthem.
2.
Slenthem
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron). Wujud Slenthem meh padha karo gender.
3.
 Gambang


Wujud gambang meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu. Ukurane wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah ang luwih gedhe iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah.
4.
 Saron Demung      


Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Saron Demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane. Wilah saron demung iku paling gedhe ing kelompok saron (Balungan). Ing kelompok saron/balungan, saron demung iku ngasilake swara paling cendhek.
5.
 Saron Barung/Ricik



Saron Barung utawa Saron Ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika antarane peking lan demung. wilah saron barung iki luwih gedhe dibandhing saron penerus ning luwih cilik dibandhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saloktaf dibandhing saron demung.
6.
 Saron Penerus (Peking)

Saron Penerus (Peking) iku jinis saron kang paling cilik. Wilah saron penerus iku luwih cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahane luwih kandel. Wilah kang luwih dhuwur. Saron Penerus ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhingake karo saron barung.

3.      Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude Wilahan Pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhongan, Kecer. Cara nabuhe dithuthuk.
No
 Nama/Gambar
Pangertosan
1.
 Gong Kemodhong

Gong kemodhong iku gong wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge resonator. Padatan sarancak cacah 2 wilah dipuntabuh teturutan. Tabuhipun sinebat gembel.
2.
 Kecer
Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan
      
     
4.      Wujud Pencon
Gamelan sing wujude Pencon inggih punia Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan,  Gong. Cara nabuh di thuthuk, jagur.

No.
 Nama/Gambar
Pangertosan
1.
 Bonang
a. Bonang Pnembung
b. Bonang Penerus lan bonang
    Barung



Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3.
2.
Boanang Panembung  

inggih punika bonang panembung kang awujud paling gedhe. Bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung.
3.
Bonang Penerus lan Bonang Barung

Bonang penerus minangka bonang kang cilik dhewe. Bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung
4.
 Kethuk lan Kempyang
Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakan kethuk kempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong.
5.
 Kenong


Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
6.
 Kempul

Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahe gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
7.
 Gong
a. Gong Ageng
b. Gong Suwukan
Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Piranti iki biasane dipapanake ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe. Ana loro jinis gong inggih punika Gong Ageng lan Gong Suwuk. Wujude bunder, permukane rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwe swara kang gedhe dhewe lan nadhane paling cendhek timbang nadha piranti gamelan liyane. 
8.
Gong Ageng
Gong Ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci.
9.
Gong Suwukan
                           
Gong Suwukan utawa siyem iku perangkat gamelan kang ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter 50 nganti 60 cm.

5.      Wujud Kawatan
Gamelan sing wujude Kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab di gesek dene Siter lan Clempung di pethik/cuwik.
No.
 Nama/Gambar
Pangertosan
1.
 Rebab
Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Rebab iki gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.
2.
 Celempung lan Siter
Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang. Celempung iki bebarengan karo siter dadi piranti utama ing gamelan. Ukuran celempung dawane kira-kira 90 cm, nduwe 4 penyangga. Dadi, dibandhing siter, celempung iku kira-kira ping telu luwih dawa. Nada celempung iku saoktaf ing ngisore siter cendheke.

6.      Wujud Pipa
Gamelan sing wujude Pipa inggih punika Suling. Cara ngungelaken di sebul.
No.
 Nama/Gambar
Pangertosan
1.
 Suling
Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring, dawane kira-kira setengah meter. Swara suling diasilake saka rongga angin digeterake liwat sebulan angin. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.
Kemanak


Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan

Sumber : LKS Basa Jawa Kelas XI SEMESTER 2

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan tugas prakarya kerajinan bahan lunak

MATERI SESORAH BASA JAWA

Istilah – istilah dalam dunia batik