MATERI BASA JAWA "CERKAK"

KAWRUH CERITA CEKAK

Pengertosan lan Sujarahipun 
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastraan fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella (kanthi teges modheren) saha novel.
Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.

Wujud sanes saking cerkak inggih punika anekdot. Anekdot punika popular rikala jaman Romawi. Anekdot punika gadhah piguna kados dene saloka, minangka cariys realistis ingkang cekak, ingkang gadhah setungal ancas utawi piweling.

Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking :
1.      Satunggal pragmen/adegan
2.      Gadhah setungal plot/alur
3.      Setting ingkang tunggal
4.      Cacahing paraga winates
5.      Cakupan wekdalipun cekak
Menawi kawujudake cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika :
1.      Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku)
2.      Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik)
3.      Krisis (wekdal ingkang nemtokake paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik)
4.      Klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak)
5.      Wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken)

Unsur-Unsur Cerkak
A.    Unsur Instrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
1.   Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
2.     Latar inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala kadadosan kasebat kalampahan.
3.    Alur (Plot) inggih punika reroncening kedadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih punika:
a.       Alur Maju inggih punia reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyasonipun lumampah mejeng.
b.      Alur Nubdur inggih punika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosannipun aboten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
c.       Alur Campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur punika kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika :
a.  Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
b.      Wiwitaning prekawis inggih punika peranganing cariyos ingkangminangka gegambaran perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
c.  Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
d.  Antiklimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampunsaged karampungaken.
e.       Resolusi inggih punika prekawis sampun saged karampungaken.
4.  Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih punika :
a.       Pacelethon paraga
b.      Gegambaran paraga
c.       Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge nggambaraken watak wantuning paraga, penyerat limrahipun ngginakaken teknik:
a.    Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat. Tuladhanipun : Jenenge bocah iku Tini Surtini, klambine kembang kembang abang, sumringah polatane, rambute ireng ngrembyak sapundhak, rai lonjong kulit resik, ayu.
b.      Teknik Dramatik, Inggih punika watak wantuning paraga kagambaraken kanthi :
o        Nggambaraken bab badan saha tindak tandukipun
o        Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
o        Basa ingkang kaginakaken paraga
o        Cara anggenipun mikir saking paraga
o        Cara wontenipun paraga sanes
5.    Isi wejangan (amanat) / Piwulang luhur inggih punika [iweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksinten ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
6.      Sudut pandang inggih punika kalengahanipun panyerat rikala nyariosaken, sudut pandang/point of view punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika:
a. Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken
b.    Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat minangka dahalang ing cariyosipun

7.      Gaya Bahasa/Lelewaning Basa

B.     UNSUR-UNSUR EKSTRINSIK
Unsur Ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyon punika. Unsur Ekstrinsik punika :
1.      Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik lan ekonomi)
2.      Latar belakang gesangipun panganggit
3.      Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel

Nyerat Cerkak
Caranipun damel cerkak inggih punika :
1.   Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampah, sampun dipun lampahi utawi pengalaman saking maos buku. Lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2.      Damel cengkorong (kerangka) cerkak.
3.      Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4.      Ingkang perlu dipun-gatosaken inggih menika :
a.       Kedah wonten perkawis
b.      Wonten permasalahanipun (konflik)
c.       Wonten endingipun (anti klimak)


TULADHA CERKAK :

Pithik Walik lan Kelinci
Mbak Dewi, juragan Bakso nduwe Pithik Walek seng seneng ngomong lucu-lucu karo konco-koncone. Menowo saben ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesti gawe cerito-cerito ndagel nganthek koncone kui mau podo ngguyu kemekel.
Dheweke kadang-kadang ngarang cerito pengalamane seng aneh-aneh seng durung tau dialami karo pithik liyane. Misale lelungan numpak manuk wulung bar kui terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan seng tukul neng nduwur mega.
Kadang-kadang juga Pitik Walik gawe tingkah laku seng lucu koyo badut yen pas kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik seng liyane podo seneng menowo lak kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesti podo ditanggapi supoyo ngomong seng aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik lungo adoh, terus ndelek nang njero guwo Slarong karo nangis, nangise nganti nggero-nggero jan ngantek krungu dening Kancil sing jek neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo.
“Kowe ki ngopo tho kok nangis Tik Pithek Walik” pitakone Kancil
“Aku iki jek sedih banget cil kancil. Aku iki bedo karo pithik-pithik liyane. Wuluku iki kwalek koyo ngene, gek ora rapi koyo pithik liyane neh”
“Wis rapopo ra sah sedih. Gor masalah wulu kok ndadak digawe mumet. Aku lo malah ora nduwe wulu blas!” jawabe si Kancil
 “Aku kesel kancil. Aku kesel banget saben dino kudu ngarang cerita seng aneh-aneh ben podo gelem cedhek karo aku. Konco-konco mesthi podo ora gelem srawung karo aku seng wulune aneh lek gak aku ora iso gawe ngguyu dee”
“Woooo lak ngunu kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu konco-koncomu yo podo seneng cedhek karo kowe kok. Malah akeh seng seneng menawa kowe gelem ngrungokke ceritane liyane.
Salah menawa awakmu ngiro-ngiro kudu lucu utawa ngomong seng menarik perhatian ben iso ditresnani liyane” celathune Kancil
“Ho’oh po? Aku rasah kudu saben dino ndagel ben iso disenengi dening konco-koncoku?”
                                                                                                                                   
“Laiyo rasah lah! Mbak Dewi juraganmu kae malah sering makani aku, arepo uduk dadi ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel yo iso nduwe konco akeh kok!.
Seng penting ki kowe seneng tetulung marang koncomu lan gelem ngrungokke pendapate koncomu kabeh. Seng luwih utama kui ora pakewuh ngandani koncomu bab kebenaran lan tumindak seng keliru” nasehate Kancil
“Tak rungokke bener kandhamu Kancil. koncomu iku akeh banget, luwih akeh timbang koncoku arepo kowe ora iso nglucu. Wah tiwas aku rumongso mesti kudu ndagek wae pas lagi kumpul karo konco-koncoku.
Rumangsaku nek aku ora iso nggawe dee guyu bakal ditinggal karo konco-koncoku”
 “Ora Walik!. Ora bakal kowe ditinggal karo konco seng apik-apik. Kowe saiki uripo seng normal wae koyo aku. Ngomong lucu ya rapopo, meng ora usah digawe-gawe. Mesthi okeh wong liyo sing cocok karo kowe” jare Kancil
“Yoh wes nek ngono, aku tak rasah mekso awakku kudu ndagek meneh. Aku arep opo onone wae. Aku uga wis kesel banget ndadak ndagel saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe emang koncoku seng paling wicaksono” celathune Pithik Walik karo rupa sumringahe.
Wiwit dino iku Pitik Walik wes ora eneh mekso awake ndagel terus tiap dino. Awale pitik-pitik liyane do gumun kok Pitik Walik saiki perilakune bedho. Nanging suwe-suwe koncone kui mau malah tambah akeh mergo Pitik Walik saiki seneng ngrungokke omongane pithik-pithik liyane.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan tugas prakarya kerajinan bahan lunak

MATERI SESORAH BASA JAWA

Istilah – istilah dalam dunia batik