Postingan

Menampilkan postingan dari 2017

MATERI BASA JAWA "CERKAK"

KAWRUH CERITA CEKAK Pengertosan lan Sujarahipun  Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif.  Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastraan fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella (kanthi teges modheren) saha novel. Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur. Wujud sanes saking cerkak inggih punika anekdot. Anekdot punika popular rikala jaman Romawi. Anekdot punika gadhah piguna kados dene saloka, minangka cariys realistis ingkang cekak, ingkang gadhah setungal ancas utawi piweling. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking : 1.       Satunggal pragmen/adegan 2.       Gadhah setungal plot/alur 3.       Setting ingkang tunggal 4.       Cacahing paraga winates 5.       Cakupan wekdalipun cekak Menawi kawujudake cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosi

MATERI PAWARTOS BASA JAWA

Gambar
PAWARTOS Pawartos   inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur –Unsur Pawartos Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H inggih menika :    Who     (Sinten)    : Sinten ingkang tumindak    What   (Menapa)  : Menapa ingkang dipuntindakaken    When (Kapan)  : Kapan kedadean menika katindakaken    Where(wonten pundi) : Wonten pundi papanipun    Why     (Kenging menapa) : Kenging menapa saged tumindak kados menika    How        (Kadospundi) : Kadospundi caranipun Jinis Pawartos 1.     Pawartos Langsung (Straight news) 2.    Pawartos Mendalam (Depth news) 3.    Pawartos Opini (Opini news) 4.    Pawartos Photo Struktur Panyeratan Pawartos 1.     Irah – irah (Head) 2.    Baris tengah (Dateline) 3.    Teras pawartos (Lead) 4.    Wos pawartos (Body) Prinsip Panyeratanipun Pawartos Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, anta

MATERI BASA JAWA "UYON-UYON"

Gambar
TULADHA Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Bem KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING   Cakepan :  syair, tetembung kang dienggo ing tembang.   Cengkok : lak-luking swara kanggo nglagokake tembang. Gendhing : lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan. Gamelan : piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata : : bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe,peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.   Laras : rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. Titi Laras : angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur). Pathet : ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. Pedhotan : pamedhoting swara ing tengahing    tembang ing saben lirik. Senggakan : unen – unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning  gendhing/pradangga. Swarawati : waranggana, pesindhen, penyanyi putri. Wiraswara : pwnyanyi kakung. Gerong : tembang kang dilagokake bareng karo gamelan