MATERI SESORAH BASA JAWA
KAWRUH SESORAH
Sampun
kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda
utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing
samudayanipun, pramila kedah ngatosaken :
1.
Busana
(Ageman)
Anggenipun
ngadi busana kajumbuh kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang
badhe dipunayahi. Umpanipun wonten pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem
busana kejawen jangkep. Ewa semanten ngagem busana sanesipun inggih boten lepat
bokbilih kepanggih “kok Ngijeni”. Nanging inggih tansah kagatosna bab
trapsilaning ngarasuk busana.
2.
Subasita
(Trapsila,Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi
kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun
ngantos kedamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemwon, anteng, mantep, nanging
boten kaken. Pramila menika saged gladen wonten ing sangajengipun pengilon
ingkang ageng, mengke badhe manggihi patrap ingkang luwes tuwin pantes. Saha
kaudiya babagan ewah-ewahaning pasuryan, sageda nggambarken wosing penggalih,
ingkang salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
3.
Swara
(Vokal, Basa Pupoler)
Kedaling
lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan
inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung
ingkang medal kanthi cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun,
sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget. Pramila
menika kaaturi gladhi sarana ngendika sakthah-kathahipun, kados saweg dados
pranatacara utawa pamedharsabda ing sawenenehing acara. Sokur menawi saged
dipunrekam, lajeng dipunpirengaken saha dipungatosaken pundi ingkang taksig
kirang. Bab menika kaambali ngantos kapireng sekeca.
4.
Basa
Tuwin Sastra
Ngudia
tambahing seserepan ing basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan
baku tumraping pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah
miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang
salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca
kapirangaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang
prasaja kemawon. Dados langkung gampil katampi saha dipunmagertpsi dening
ingkang mirengaken. Saged kemawon mbok bilih langkung marem nginakaken basa
ingkang langkung rinengga, kanthi tembung-tembung ingkang endah, ananging ugi
kedah ngengeti saha njumbuhaken kaliyan kawontenipun. Dene basa ingkang trep
ugi ngengeti tuntunaning parama-sastra ingkang leres. Pamilihing tembung,
pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng,
inggil andhap, rikatrindhik lsp. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih
menika basa ingkang kedah angengeti :
1)
Sinten
ingkang gineman
2)
Sinten
ingkang dipunajak gineman
3)
Sinten
ingkang dipun gineman
4)
Swasana
nalikanipun gineman
5)
Sami
mangertosi ingkang dipungineman
Awit saking
punika, pranatcara utawi pamedhar sabda kedah nggatosaken perkawi perkawis
ingkang kedah dipun gatosaken tuwin perkawis-perkawis ingkang kirang mrani
ingkang midhanget.
Perkawis-perkawis
ingkang kedah dipun gatosaken, inggih punika.
Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang
kedah ditindakaken :
1.
Jumeneng
kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin(percaya
diri).
2. Asta
ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku.
3.
Polatan
katingal sumeh, anmung mboten katingal kadamel-damel.
4.
Mriksani
dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5.
Penggalih
dipunsarehken, supados suwanten mboten kepireng ndredheg.
6.
Wiramaning
wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
7.
Suwanten
mboten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang.
8. Ngagem
basa ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados
gampil dipunsuraos dening ingkang midhangetaken.
9. Pangandikan
mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punpa-punapa
ingkang badhe dipunkajengaken.
Wonten
babagan igkang kedah dipungatosakenngengingi bab rantamaning sesorah,
antawispun :
1.
Salam
Pambuka (manut kapitadosan saha swasananipun).
2. Purwaka
inggih menika nganjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun
marang para rawuh sarta mbiyantu lampahing adicara.
3. Surasaning
basa/isi/wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4. Dudutan
(simpulan) inggih menika inti sarining wedharan pangajeg-ajeng inggih menika
bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken ssorah dhumateng ingkang
mireng.
5. Wasana
inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakake
jejibahan.
JINISING SESORAH
Jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabentenaken
dados warni sekawan.
1.
Sesorah
Kanthi Cara Apalan
Sesorah
cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken
tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan. Dados boten mawi utawi
wonten pamanggih-pamanggih enggal, amargi sampun kapurba dening cathetan. Ing
mriki adhakanipun menawi apalanipun wonten ingkang kesupen, lajeng saged
kesupen sedayanipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare
ingkag nembe gladhen utawi ajar.
2.
Sesorah
Kanthi Cara Naskah utawi Teks
Sesorah
cara naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks
utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapaleken. Cara
menika asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari,
mbliginipun ing upacara-upacara resmi. Upami ngresmekaken rapat akbar
sawenehing parte politik, ngresmekaken satunggaling papan upami wadhuk enggal,
pangetan dinten nasional, mengeti pahlawan kasumaning bangsa lsp. Kanthi ancas
supados boten mlenceng kaliyan tujuan sakawit, boten klentu saha wekdalipun
winates. Dene menawi wonte rembang-rembang sanes antawisipun pejabat kaliyan
masyarakat dipun lajengaken ing acara sarasehan utawi temu wicara.
3.
Sesorah
Kanthi Cara Dadakan utawi Impromtu
Sesorah
cara dadakan, menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe
dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
Kanthi menika piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar
sabda. Sangunipun, cara sesorah menika kedah trampil ing pamicara saha kathah
pengalaman saha seserepanipun
4.
Sesorah
Kanthi Cara Eksemporan
Sesorah
cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan atlit
minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken.
Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken
kemawon, ing salajngipun salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato.
Nulis Sesorah
Wedharing
pangandikan, iku bisa digawe dawa lan ringkes. Semono uga ing bab basa kang
digunakaken, bisa nggunakaken basa kang prasaja (biyasa) utawa basa kang
rinengga (endah). Kabeh mau gumantung swasanane, ana ing upacara apa, sapa kang
midhangetake, lan kapan wektune.
Bakune,
wedharing pangandikan kudu urut-runtut (sistematis), cetha pilah-pilahane, lan
isine pangandikan kudu jumbuh karo ayahane. Babaring pangandikan iku bisa
kaparang dadi telung perkara, inggih punika :
1.
Perangan
purwaka, ngemot :
a. Uluk
salam utawa salam pambuka.
b.
Pakurmatan
marang tamu.
c.
Puji
syukur marang Gusti Kang Maha Agung.
d.
Ngaturake
ayahan utawa jejibahane.
2.
Perangan
isi/wigati/inti, ngemot : (umpamane wakil panitya. Wakil kagungan khajat, lsp).
a. Ngaturake
sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake
ujuding gati/khajate (khajate apa, kapan kalaksanane, para tamu disuwun apa).
c. Ngaturaken
agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat, lan sumbang sih
saking para tamu. Ora bisa atur piwales mugi Gusti ingkang males.
d.
Nyuwunake
pangapunten ait sedaya kekirangan lan kaluputane minangka panitya.
e.
Saumpama
ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3.
Perangan
panutup, ngemot :
a.
Para
tamu kasuwun nerusake anggone lelenggahan naganti purna.
b.
Nyuwun
pangapunten kaluputane pribadhi.
e. Salam panutup.
Sumber : LKS Kelas XI SEMESTER 2
Komentar