Contoh Sesorah Basa Jawa perpisahan kelas XII

SESORAH BAHASA JAWA

PERPISAHAN KELAS XII

Assalammualaikum wr.wb
           Bapak Kepala SMA N 1 GODEAN ingkang tuhu dahat kinurmatan. Bapak  Ketua Komite Sekolah ingkang tuhu minulya ing budi. Bapak/Ibu Guru Wali Murid Kelas IX ingkang tuhu kula urmati. Para karyawan saha karyawati SMA N 1 GODEAN ugi ingkang kula urmati. Para kanca kelas X, XI, saha roko kelas  XII ingkang kula tresnani.
           Kaping setunggal sumangga kula saha panjenengan sedoyo ngaturaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Mahakuwasa, ingkang sampun paring  mapinten-pinten kanugrahan kasarasan dhumateng kula saha panjenengan ,anjalari  wekdal menika saged rawuh  wonten sekolahan kangge ngawontenaken perpisahan kelasXII, kanti wilujeng lir ing sambekala .
           Bapak/Ibu saha kanca-kanca, kirang langkung setunggal wulan kepengker, raka-raka kelas XII  sampun nindakaken ujian kanthi rancag boten wonten alangan satunggal punapa. Awit saking puniko, nderek bingah kagem raka-raka kelas IX ingkang lulus lan nderek bingah kagem raka-raka ingkang pikantuk juara setunggal kanthi sedoso ingkang pikantuk biji-biji ingkang maremaken utawi luwih inggil saking sakliyanipun.
           Wekdal sak menika,  perpisahan sampun dumugi, sampun dados pepesten wonten patemon saha perpisahan, titi wanci sakmenika dumugi wedal perpisahan ,ing raos mbokmenawi nyedhihaken kangge raka kelas XII. Sedhih amargi kedah pisah kalian kanca-kanca  saha Bapak Ibu guru, ninggalaken sedaya kenangan ingkang sampun dipun ukir wonten  salebetipun tiga warso  kalampah ,ugi  kedah ninggalaken sekolah ingkang dipuntresnani.  Raka kelas XII ingkang kula tresnani,  sekedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan saking SMA lan badhe nglajengaken sekolah wonten ing pawiyatan ingkag langkung inggil, sejatinipun tugas raka kelas XII menika luwih awrat. Saya inggil pendhidikan, inggih saya kathah tugas ingkang kedah dipunrampungaken raka kelas XII saha tugasipun saya angel utawi tingkatannepun saya inggil. Mula para siswa sedaya kedah lajeng sinau supados angen-angenipun saged dipungayuh.  Raka kelas XIIlulus kanti mbeta ijazah lan biji ingkang sampun dipun pikantuk raka kelasXII.
           Kula minangka waki saking kelas XI nyuwun pangapunten mbok menawi wonten kalepatan tindak tanduk ingkang kirang nuju prono ,ugi  ngaturaken sagunging paruwun dene raka kelas XII sampun ikhlas maringi pitedhah-pitedhah saha bimbingan ingkang mboten sekedhik paedahipun.
           Kula nyuwun do’a nipun raka kelas XII  mugi-mugi kula saged dados murid ingkang pinter, saged mbanggaaken Bapak Ibu guru, saged pikantuk prestasi akademik utawi nonakademik kangge sekolahan, ugi saged nderek raka kelas XII ing pawiyatan ingkang luwih inggil kanthi biji ingkang maremaken. Aamiin.
           Kula mboten saged atur piwales menapa-napa namung saged atur “matur nuwun”  wonten ngarsane, saha  wonten ngarsanipun Gusti Allah , mugi-mugi raka-raka tansah pinaring kasarasan, kasuksesan lan katampi wonten ing pawiyatan langkung inggil ingkang sampun dipun gadang-gadang raka kelas XII sedoya. Saha mugi-mugi raka kelas XII dados tiang ingkang leres, saged mbanggakaken wong tua, saged dados tiang ingkang migunani bangsa, negara, lan agami.
            Menika ingkang saged kula aturaken, bilih  wonten kirang luwihipun atur kula, kula nyuwun  pangapunten.
Wassalammualaikum wr.wb









Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan tugas prakarya kerajinan bahan lunak

MATERI SESORAH BASA JAWA

Istilah – istilah dalam dunia batik