MATERI PAWARTOS BASA JAWA

PAWARTOS
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.
Unsur –Unsur Pawartos
Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H inggih menika :
 Who   (Sinten)   : Sinten ingkang tumindak
 What (Menapa) : Menapa ingkang dipuntindakaken
 When (Kapan)  : Kapan kedadean menika katindakaken
 Where(wonten pundi) : Wonten pundi papanipun
 Why   (Kenging menapa) : Kenging menapa saged tumindak kados menika
 How    (Kadospundi) : Kadospundi caranipun

Jinis Pawartos
1.   Pawartos Langsung (Straight news)
2.  Pawartos Mendalam (Depth news)
3.  Pawartos Opini (Opini news)
4.  Pawartos Photo

Struktur Panyeratan Pawartos
1.   Irah – irah (Head)
2.  Baris tengah (Dateline)
3.  Teras pawartos (Lead)
4.  Wos pawartos (Body)

Prinsip Panyeratanipun Pawartos
Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika Aktual, Faktual, Wigati, saha narik kawigaten.
Pawartos minangka kadadosan ingkang dipunwartakaken. Pawartos menika saged arupi lesan utawi tulisan. Lesan ateges pawartos menika saged dipunwartakaken dening tiyang sanes kangge pamiyarsa lumantar  swara. Lesan adatipun dipungiyaraken lumantar radio, TV utawi dipunwaos lugas. Seratan pawartos menika limrahipun kapacak wonen ing kalawarti perangan ingkang nemtokake bobot biji pawarta inggih menika :
1.     Aktualitas
2.    Sesambetan kaliyan papan kedadosan
3.    Sesambetan kaliyan unsur-unsur ingkang katut ing sklebetipun kedadosan
4.    Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/pamiyarsa
5.    Jangkepipun pawarta

Tansaya kathah ginanipun pawartos menika tumrap tiyang sanes, sansaya mundhak inggil mesthinipun saged nambah pamanggih saha seserepan tumrap basa, budaya saha sastra jawa. Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
1.     Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
2.    Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
3.    Nyathet informasi ingkang leres saha premati

Sakbibaripun para pamiarsa mirengaken pawartos dipunajab para pamiarsa saged ndamel dudutan saking pawartos ingkang dipunsemak, dudutannipun inggih menika rumusan cekak saking kalih utawi langkung perkawis ingkang dipunrembag. Mendhet dudutannipun pawartos tegesipun nanggepi wos ingkang wonten ing pawartos. Nalika maringi panyaruh saged ngaturaken pamanggih sarujuk utawi boten sarujuk dhumateng pawartos ingkang nembe dipunpirengaken.

Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
1.      Panyaruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha
dipunronce kanthi sae.
2.      Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3.      Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami
4.   Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan)
Paring panyaruh pawartos menika kedah evaluatif saha objektif. Evaluatif tegesipun paring pambaji, Objektif tegesipun pawartos ingkang dipuntampi kanthi sakwontenipun.

Pepeling
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawartos inggih punika :
1.     Pocapan (lafal) : nggatosaken vokal, konsonan.
2.    Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggilipun swara/nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipunmirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.    Pandeleging netra sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5.    Solah bawa maos kaudiya ingkang santun miwah leres.

Sumber : LKS Basa Jawa Kelas XI SEMESTER 2

Tuladha Pawartos

Kebakaran ing Sleman Meningkat


 Faiz Pratama  07.44

Kadadean kebakaran neng wilayah Kabupaten Sleman ketuk 126 cacah sajrone kurun wayah taun 2015 nganti 4 November iki. Kadadean kobongan terus ningkat ket bulan September lan mencapai puncake neng bulan Oktober.
Kepala UPT Damkar Kabupaten Sleman Ismu Achmad D ping maparke, iki sing paling kerep kedadean yaiku kebakaran palemahan, alas, lan panggon pambuwangan sampah.
Faktor penyebab kobongan kuwi dhewe yaiku amarga cuaca ekstrem ditambah aktivitas masyarakat wektu ngobong sampah utawa turah pakoleh panen tebu, ning durung nganti geni padam wis ditinggalake ngono wae. Dadine geni cepet merembet mergo cuaca sing panas lan tiupan angin.
“Kanggo wilayah Sleman, alas sing kerep kobong neng lereng gunung Merapi, lan Prambanan. Yen pangarangan sing paling akeh kedaden neng Depok, penyebabe akeh amarga UPT Damkar Kabupaten Sleman nduweni 2 armada tanki banyu lan 5 unit mobil damkar. Ning saka kelima mobil kesebut, mung 2 mobil wae sing kondisine isih becik lan prayoga beroperasi. Sementara telu mobil liyane wis ngalami karusakan.hubungan cendhak arus listrik,” padhange, Rabu (04/11/2015).
Karo dhuwure cacah kadadean kobongan neng Kabupaten Sleman, jebulna ora diimbangi salah sijine karo armada damkar sing ana. Wektu iki
“Telu isih bisa kanggo ning ora optimal. Kemenjanganke dheweke kokehan kuwi neng instalasi mesin pompane. Nyat beberapa mobil kuwi wis suwe, sing paling suwe ana taun 1996 ana uga sing taun 2004,” tambahe. 

Sumber :
http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/11/pawarta-bahasa-jawa-kebakaran.html


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan tugas prakarya kerajinan bahan lunak

MATERI SESORAH BASA JAWA

Istilah – istilah dalam dunia batik