MATERI BASA JAWA "CERKAK"
KAWRUH CERITA CEKAK Pengertosan lan Sujarahipun Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastraan fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella (kanthi teges modheren) saha novel. Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur. Wujud sanes saking cerkak inggih punika anekdot. Anekdot punika popular rikala jaman Romawi. Anekdot punika gadhah piguna kados dene saloka, minangka cariys realistis ingkang cekak, ingkang gadhah setungal ancas utawi piweling. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking : 1. Satunggal pragmen/adegan 2. Gadhah setungal plot/alur 3. Setting ingkang tunggal 4. Cacahing pa...