contoh pranatacara bahasa jawa

                                                                             Nama     : Mutiari Rahmadhani
                                                                             Kelas     : XI MIPA 4
                                                                             No         : 19

TUGAS BAHASA JAWA PRANATACARA

Perpisahan Kelas XII

Assalammu’alaikum wr.wb
        Panjenengan Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bapak Ketua Komite Sekolah ingkang tuhu minulya ing budi. Bapak/Ibu dwija lan karyawan ingkang tansah bagya mulya. Bapak/Ibu wali murid ingkang kula hormati. Lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
        Kaping setunggal sumangga kula saha panjenengan sedaya ngaturaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuasa, ingkang sampun paring kanugrahan, kasarasan dhumateng kula saha panjenengan, anjalari wekdal menika saged rawuh wonten sekolahan kangge ngawontenaken “Perpisahan Kelas XII” kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Dhumateng ngarsanipun para rawuh ingkang tansah kula hormati, keparenga kula wonten ing mriki derekaken lumpahing adicara ing enjing punika. Kula ingkang  jinejer minangka pranataadicara, langkung rumiyen badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadhang panitya.
1.      (Adicara ingkang angka setunggal) Pambuka
2.      (Angka kalih) Nembang sesarengan tembang “Indonesia Raya” lan tembang “Syukur”
3.      (Angka tiga) Atur pangandikan saking Kepala Sekolah
4.      (Dene ingkang angka sekawan inggih menika) Atur pangandikan saking Ketua Komite
5.      (Angka gangsal) Pentas seni tari saking kelas X lan XI
6.      (Ingkang angka enem) Atur pangandikan saking wakil wali murid kelas XII
7.      (Angka pitu) Atur pangandikan saking ketua OSIS
8.      (Angka wolu) Pangumuman kelulusan murid kelas XII
9.      (Ingkang angka sanga inggih menika) Atur pamit saking wakil murid kelas XII
10.   (Tataran adicara ingkang angka sedasa inggih menika) Ndonga sesarengan
11.  (Ndungkap acara ingkang angka sewelas utawi ingkang pungkasan inggih menika) Panutup lan dhahar

Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan  ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung,
kanthi waosan Bismillah ingkang ngrasuk agami islam lan ingkang ngrasuk agami sanesipun sumangga miturut kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga ndonga kula ndherekaken. Bismillahhirrahmanirrahim.
Cekap, matur nuwun.
        Para lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih inggih menika nembang sesarengan tembang “Indonesia Raya” lan tembang “Syukur”. Ingkang badhe dipun pimpin kaliyan sederek Rina. Dhumateng sederek Rina wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Matur nuwun dhumateng sedherek Rina. Mugi-mugi kula saha panjenengan sedaya saged dados tiang ingkang bisa tresna kalian bangsa Indonesia menika.
        Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan kanca-kanca ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka tiga inggih menika atur pangandikan saking Bapak Kepala Sekolah. Dhumateng Bapak Drs. Bayu Aris minangka Kepala Sekolah, wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Matur nuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.
        Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, acara ingkang angka sekawan inggih menika atur pangandikan saking Ketua Komite. Dhumateng Bapak Drs. Lapiga Bodhidarma minangka Ketua Komite wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Matur nuwun dhumateng Bapak Ketua Komite ingkang sampun kersa paring atur pangandikan. Adicara ingkang salajengipun inggih menika “Pentas Seni Tari” saking kelas X lan XI. Para kanca ingkang badhe paring panglipur, wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Bapak-bapak,Ibu-ibu, lan kanca –kanca ingkang bagya mulya. Adicara ingkang angka enem inggih menika atur pangandikan saking wakil wali murid kelas XII ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapak  Kurniawan Pratama S.Pd. Dhumateng Bapak Kurniawan  minangka wakil wali murid kelas XII wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Kurniawan ingkang sampun kepareng atur pangandikan.
        Para rawuh ingkang minulya, ndukap adicara ingkang angka pitu  inggih menika atur pangandikan saking Ketua OSIS ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Sedherek Ricky Justitio. Dhumateng sedherek Ricky  minangka Ketua OSIS wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Matur nuwun dhumateng sedherek Ricky  ingkang sampun paring atur pangandikan. Para lenggah ingkang dahat kinurmatan salajengipun adicara ingkang sampun dipunentosi inggih menika “Pengumuman kelulusan murid kelas XII”. Pengumuman menika ajeng dipun umumaken kalian Bapak Kepala Sekolah. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................ .
        Mekaten para rawuh, pengumuman kelulusan murid kelas XII. Alhamdulillah sedaya raka-raka saged lulus. Mugi-mugi raka-raka kelas XII tansah pinaring kasarasan, kasuksesan, lan saged katampi wonten Universitas ingkang sampun dipun gadang-gadang raka-raka sedoyo. Aamiin. Para rawuh ingkang minulya, atur bilih acara ing kalenggahan menika dereng purna. Tataran adicara ingkang angka sanga inggih menika atur pamit saking wakil murid kelas XII. Dhumateng Sedherek Andi Nugraha minangka wakil murid kelas XII wekdal lan papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Matur nuwun dhumateng raka kelas XII, kula saha adhi klas namung saged paring donga kangge raka kelas XII sedaya.
        Jumbuh kaliyan urut reroncening acara ingkang sampun katur wonten ngajeng, tataran adicara ingkang angka sedasa inggih menika ndonga sesarengan ingkang badhe dipundherekaken dening Bapak H. Rifqi Abdurrahman S.Pd. Dhumateng Bapak H. Rifqi kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
        Matur nuwun dhumateng Bapak H. Rifqi, amargi sampun nderekaken ndonga sesarengan menika.
        Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup lan kalajengan kanthi dhahar. Sumangga para rawuh sedaya kanthi dipun dhahar sakwontenipun.
        Saking kadang panitya tansah nyuwun samudra pangaksami, awit saking kiranging subasita anggenipun nanggepi rawuhipun para Bapak, Ibu, lan kanca ugi anggenipun ngaturaken papan palenggahan ingkang kirang trep lan jumbuh kalian kalenggahan Bapak, Ibu, lan kanca-kanca sedaya. Boten kesupen kula minangka ingkang ndherekaken adicara menika nyuwun agunging pangaksami mbok bilih wonten atur kula ingkang boten nuju prana ing panggalih para rawuh sedaya. Wasana sumangga adicara ing wekdal punika dipunpungkasi kanthi waosan Hamdallah ingkang ngrasuk agami islam lan ingkang ngrasuk agami sanesipun sumangga miturut kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga ndonga kula ndherekaken. Alhamdulillahirabbilalamin.
Cekap sementen atur kula.
Wassalamu’alaikum wr.wb



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan tugas prakarya kerajinan bahan lunak

MATERI SESORAH BASA JAWA

Istilah – istilah dalam dunia batik